Assalamua’laikum
wr wb.
Ngarsanipun
Simbah Warto Utomo sekaliyan ingkang kinabekten.
Ngarsanipun
Pakdhe Budhe, Paklik Bulik, Kang Mas Mbak Yu ingkang tansah kinurmatan.
Saha
rayi-rayi sedaya ingkang tansah kula tresnani.
Sakderengipun
adicara pepanggehan trah kita awiti, langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken
raos puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun maringaken
kasarasan kawilujengan saengga kula panjenengan saged kempal manunggal wonten
dalemipun Bapak Wajiyono sedaya
manggih wilujeng nir ing sambikala.
Sholawat
saha salam mugi tansah konjok dhumateng Nabi Muhammad SAW lumebarna dhumateng
garwa putra sahabat sumrambah dhateng kita sedaya ingkang tansah ngantu-antu
syafa’atipun samangke wonten Yaumul Akhir.
Salajengipun
kepareng kula ngaturaken rantamaning adicara.
Ingkang
sepisan pambuka.
Angka
kalih atur pangandikan saking ……………..
Ingkang
kaping tiga waosan kalimah thayibah.
Ingkang
angka sekawan arisan.
Ingkang
pungkasan panutup.
Mekaten
menggah rantamaning adicara lan sumangga kita purwakani kanthi waosan Basmalah.
Bismillahirrahmanirrahim.
Adicara
salajengipun atur pangandikan saking ……………….. Dhateng ngarsanipun ……………… kula
sumanggaaken.
Maturnuwun
dhumateng ........................
Ndungkap
adicara ingkang salajengipun inggih menika waosan khalimah thayibah. Dhateng
ngarsanipun ……………… kula sumanggaaken.
Maturnuwun
dhumateng ........................ mugi-mugi sedaya ahli kubur ingkang kakentun
kala wau pikantuk papan ingkang sakmesthinipun.
Sakderengipun
adicara kita lajengaken, menika wonten rejeki saking Gusti Allah ingkang
lumantar saking kaluwarga ……………… Awit keparengipun kula panjenengan sami kersa
ngunjuk lan dhahar kanthi prayogi. Supados barakah sumangga kita ndonga
sesarengan.
*
Doa sebelum makan*
Nyuwun
sewu mboten ngirangi raos kamardikan anggenipun dhahar saha ngunjuk mangga
adicara kita lajengaken.
Lumiyating
adicara saklajengipun arisan sinambi ngunjuk
lan dhahar. Dhateng ngarsanipun ……………… kula sumanggaaken.
Maturnuwun
dhumateng ........................
Mbok
bilih wonten laporan/dana sosial sumangga. Sakderengipun adicara kita pungkasi
kula panjenengan sami dipun paring kinurmatan dhahat sekul. Supados manfaati ing samudayanipun mangga kita ndonga
sesarengan.
Sakderengipun
adicara katutup mbok bilih wonten pangandikan-pangandikan kula sumanggaaken
dhumateng para lenggah sedaya.
Kados
pepanggihan ing wekdal menika sampun
paripurna. Mangga kita pungkasi kanthi waosan Hamdalah.
Mekaten
saking kula. Mbok bilih wonten kekirangan anggen kula ndhereaken lampahing
adicara kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami. Kula akhiri.
Wassalamualaikum
wr. wb.